MC Tahlilan Bahasa Jawa

 MC Tahlilan



السَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ

عُوذُ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ . بِسْمِ اللَّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيم

Alhamdllhirobbil alamin, wa bihi nastain, ala umuriddunya wa ddin, wa sholatu wasalamu ala asrofil anbiyai wal mursalin.

ٱلَّذِى خَلَقَ ٱلْمَوْتَ وَٱلْحَيَوٰةَ لِيَبْلُوَكُمْ أَيُّكُمْ أَحْسَنُ عَمَلً . إِنَّا لِلَّٰهِ وَإِنَّا إِلَيْهِ رَاجِعُونَ . أََمَّا بَعْدُ


Ingkang kula hormati Ibu hj Luluk Qomariyah Alhafidzoh

* Ingkang kulo hormati shohibul musibah adek Maria Agustin 

*Ingkang kulo hormati sedaya jamaah tahlilan

Ingkang dalu meniko rawuh derek maosaken tahlil soho yasin kagem alm bp zaenuri Abidin


*Sepindah, monggo kito tansah ngaturaken raos puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT, ingkang sampun maringi kito pinten-pinten kanikmatan, rahmat, taufiq hidayah soho inyahipun. Sehinggo wonten dalu puniko kito takseh saget rawuh wonten dalemipun mb Maria Agustin saperlu mujiaken Bp Zaenuri Abidin bin Masduqi ingkang ngrumiyini sowan winten ngarsanipun Allah SWT

Mugi-Mugi rawuhipun kita sedoyo saget manfaati soho mbarokahi kagem Alm Bp Zaenuri Abidin ugi keluarga besar lan putro wayahipun ingkang diupun tinggalaken. Amin yarobbal alamin..


*Kapingkalihipun, sholawat ma’a salam kunjuk dumateng Nabi agung Muhammad Rosulillah SAW. Ingkang mbeto umatipun saking zaman jahiliyah tumuju zaman Islamiyah shinggo saget kita raosaken sak meniko. Mugi-mugi wonten yaumil Qiyamah mangke, kita pinaringan syafaat ingkang agung, syafat ingkang kita antu-antu ingkang kaarupi syafaatul udhma amin ya robbal alamin

*Wonten mriki kuwulo minagkani pranoto hadicoro badhe maosaken susunan acara engkang kalampah sak mangke:

*Nomer setunggal inggih puniko Pembukaan.

*Nomer kalih inggh puniko waosan Yasin soho Tahlil.

*Nomer tigo inggih puniko Sambutan perwakilan saking sohibul Bait

 *dilajengaken Do’a.

*Soho acoro tarahir inggih puniko Penutup

*Wangsul dumatang acoro engkang nomer sepindah inggih puniko pembukaan. Manggo acara wonten dalu puniko kita bikak kanti waosan Ummul kitab, ‘ala hadiniyyah alfatihah…


*Matursuwon. Kito lajengaken acoro ingkang kaping kaleh inggeh puniko wosan Yasin soho Tahlil dumateng panjenenganipun Ibu Hj Luluk Qomariyah  Wekdal kulo aturi sumongo…


*Matur suwun atas waosan tahlil kolowau, mugi-mugi saget mbarokahi Alm Bp Zaenuri Abidin  lumeber dumateng ahliwarisipun kito sedoyo.


Komentar

Postingan populer dari blog ini

Lanjutan Paredi

Studi Tiru PKK Kecamatan Jekulo di TP PKK Milenial Tempuran Magelang

Pencegahan Kekerasan pada Perempuan